Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Selasa, 16 November 2010

idul adha

I D U L A D H A
ARIS HIELMY MUBAROK S.PD.I

اَلحَْمْدُ ِللهِ اَّلذِي اْختاَر خليله حيث امره بذبح ولده فى المنام وجعله له تقربا قربانا نحمده على ما عامله معاملة الاحبة بالاحسان وجعل هذا اليوم عظيم القدر وعيدا جليل الشعر وَاَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ.وَاَشْهَدُاَنَّ محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الى اخر الزمان.اَللّـهُــمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ.وَعَلَى الـِهِ وَصَحْبِهِ صلاة وسلاما دائمين متلازمين على ممر الايام.
اَمَّابَعْدُ، فـَـيَااَيـّــُـهَااْالحاضرون رَحِمَكُمُ اللهُ.اُوْصِيْكُمْ وَنفسى بــِتــقْوَى الذي انعم علينا بالايمان والاسلام
Hadirin !
Sedoyo puji kagunganipun Allah, ingkang paring cobi, ujian, dhateng kawulanipun. Cobi kolo wau ing lahiripun keraos awerat lan rekaos, nanging hakekatipun cobi utawi ujian kolo wau kangge nanting lan neter sepinten imanipun kawulo. Sahinggo menawi lulus, Allah pering tingkataning derajat, lan nyaketaken pribadini9pun kawulo dhateng rahmatipun Allah, kados ingkang sampun dipun ayahi dening Nabi Ibrahim a.s
الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر ولله الحمد
Hadirin !
Dinten puniko 10 dzulhijah, dening Allah dipun dadosaken dinten ageng, hari raya. Ingkang ing dinten puniko katambah tigang dinten malih (dinte tasyriq) kito dipun haromaken siyam.
Dene amal-amal pengibadahan ingkang dipun anjuraken ing dinten ageng puniko :
1. solat idul adha
Sak derengipun, kito dipun sunatake reresik langkung rumiyin mawi siram, sikatan/siwakan, ngagem ageman ingkang sae, ugi wangi-wangian lajeng tindak masjid, nindaaken solat id sesarengan utawi jama’ah, lan mirengake khutbah. Toto coro mekaten kolo wau mengku piwucal bilih, ing saklebetipun kito gesang bebrayan, bermasyarakat, gesang sesrawungan kalian keluarga, tonggo tepalih, sanak kadang, keluarga masyarakat sanesipun, sampun ngantos mirsani kawontenan uawisesrawungan ingkang mmboten ngeremaken, mambet gondo ingkang mmboten prayogi, ngraosaken ingkang mmboten sekeco, ugi merengaken ingkang mmboten wonten ginanipun
2. kito dipun sunatakn sodaqoh
Ing bab puniko Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ngendiko
ومن اطعم فيه مؤمنا او تصدق فيه بصدقة بعث الله يوم القيامة امنا
“Sopo bae kang aweh mangan/sodaqoh marang wong mu’min ono ing dino riyoyo ik, mbesok tangi soko kubur kanthi aman”
وكان ميزانه اثقل من جبل احد
“Lan tmbangan amal becike luwih abot katimbang gunung uhud”.
Bab puniko ugi mengku piwucal bilih ing saklebetipun gesang sesarengan, kito kedah peduli lingkungan, sambat sinambatan, tulung-tinulung, terutami sodaqoh sak kuwasanipu, langkung-langkung menawi pinuju kasisahan. Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendiko :
ان الصدقة لتطفئ عن اهلهاحرالقبور وانما يستظل المؤمن يوم القيامة فى ظل صدقته
“Sodaqoh iku sayekti biso nyirep panase sekso kubur, lan besuk ing dinyo qiyamat wong mu’min iku mung biso ngiyup ono ing ayang-ayang sodaqohe” .
3. Kito dipun sunatake qurban
Qurban artosipun nyataaken pribadi dhateng Allah, kanthi masrahaken barang darbe ingkaqng dipun tresnani, arupi kewan, lembu utawi mendo. Dene lembu saget nyekapi qurbanipun tiyang pitu, lan mendo namung nyekaoi tiyang setunggal.
Dene hadis-hdis ingkang dhawuhaken bab qurban puniko, ing antawisipun ;
من خرج من بيته الى شراء الاضحية كان بكل خطوة عشرحسنة
“Sopo wae kang budal tuku kewan qurban, wiwit metu soko omahe, saben sak jangkahe ditulis amal becik sepuluh”.
ومحي عنه عشر سيئات ورفع عشر درجات
“Sepuluh amal alane dilebur/hapus lan sepuluh drajate ditingkatake”.
واذا تكلم فى شراءهاكان كلامه تسبيحا
“Naliko ngrembuk bab tetukune qurban, rembukan mau dianggep moco tasbih”.
واذا نقد ثماناكان له بكل درهم سبع مائة حسنة
“Naliko mbayar rgane, saben-saben durham utowo rupiahditulis dadi amal becik 700”.
واذا طرحهاعلى الارض يريد ذبحهااستغفر له كل خلق من موضعه الى الارض السابعة
“Naliko kewan mau arep dirubuhake arep disembeleh, kabeh makhluq, wiwit kangono panggonan sumelehe qurban nganti bumi sak pitu, podho nyuwunake ngapuro marang kang gawe qurban”.
واذااهرق دمهاخلق الله بكل قطرة من دمها عشرة من الملائكة يستغفرون له الى يوم القيامة
"Naliko getih qurban wes muncrat, saben sak tetes getih, Gusti Allah ndadeake malaikat 10, saperlu podho nyuwunake ngapuro marang kang gawe qurban, nganti dino qiamat”.
Kanjeng Nabi ugi ngendiko ;
عظموا ظحايكم فـإنــها على الصراط مطاياكم
“Gedekno kewan qurbanmu, jalaran qurban hku dadi tumpaanmu naliko ngliwati wot”.
Dene sejarahipun ibadah qurban puniko, kawiwitan naliko zaman Kanjeng Nabi Ibrahim a.s. Nabi Ibrahim dipunnuji dening Allah, sepinten ketaatipun dhateng Allah, kalih kadhawuhan mrogat putranipun ingkan langkung dipun tresnani, inggih puniko Nabi Ismail a.s. kados ingkang kasebat ing surat As-shofaat wiwit ayat 102-111 ;
فلما بلغ معه السعى قال يابنى انى ارى فى المنام انى اذبحك فانظر ماذا ترى
“Barang Ismail wis ngancik dewoso, Nabi Ibrahim ngendiko : anakku, ing sakjeroning impen ingsun kadhawuhan nyembeleh iro, mulo pikiren”.
قال : ياابت افعل ماتــؤمرستجدنى انشاءالله من الصابرين
“Nabi Ismail nuli matur : abah ! kulo aturi nindaaken punopo ingkang dipun perintahaken dhateng paduko, insyaallah paduko merisani bilih kulo kalebet golonganipu tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Kacrios bilih sakderengipun kapragat Nabi Ismail ngasturake panyuwun 3 perkawis dhateng bapakipun :
1. Lading kaatunan ngasah ingkang landep.
2. Nyuwun supados wajah lan gulu dipun lurupi/tutup, supados bapake tegel lan tabah.
3. Dene rasukanipn mangke sak sampunipun gopak getih, kacaosno ibunipun minongko tondo pangabektos. Sareng sampun mapan, lading sampun sumeleh ing jenggot, astanipun Nabi Iabrahim lajeng mandek, mmboten saget nglampahaken lading. Malaikat Jibril dhateng mbekto mendo gibas saking suwargo, kapasrahaken dhateng Ibrahim kaaturn mragat, minongko tebusane Nabi Ismail a.s, Allah ngendiko:
ونادينه ان ياابراهيم قد صدقت الرؤياانا كذلك نجزى المحسنين
“Ingsun Allah nimbali : ibrahim ! temen-temen siro wus ngestoake dhawuh Ingsun ing sakjeroning impen, ing mengkono temen-temen ingsun paring pinwales marang wong-wong kang gawe kabecikas”.
ان هذا لهو البلاء المبين
“Saktemene iki sawijining ujian kang nyoto”.
وفديناه بذبح عظيم
“anakku Isma’il dak tebuss nganggo kewan sembelihan kang gede, arupo wedus”.
وتركنـاعليه فى الاخرين
“Ingsun langgengake kanggo Ibrahim pujian kang becik ing kalangane wong-wong kang sakbanjure”.

Hadirin !
Mekaten sejarahipun ibadah qurban, sahinggo kalanggengaken ngantos dados pengibadahipun umat Muhammad, kang nyaketaken pribadi dhateng Allah supados pikantuk rahmat soho maghfirohipun.

اَعُوْذُ باِللهِ مِنَ الشَّـيْطَانِ الرَّجِيْمِ انااعطينك الكوثر.
وَقُـلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنتَ خَيرُ الرَّاحمِين

Tidak ada komentar:

Posting Komentar