Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Sya’ban menika kalebet wulan
ingkang mulya lan agung, inkang mekaten menika nitik tindakipun Junjungan kita
Kanjeng Nabi Muhammad katah nindakaken prihatosan shiyam ing wulan Sya’ban
ngaten punika . Kados dawuh hadits riwayat saking Siti ‘Aisyah,
Panjenenganipun ngendika :
مـا رأيــت رسـول الله صـلىالله عـلـيـه وســلـم اسـتـكـمل صـيـام شـهـر قط الا شـهـر رمـضــان ومـا رأيـتـه فى شـهـر أكـثر مــه صـيــامـا فى شـعـبــان
“Aku durung tahu ngerti Rasulallahu Sallallahu ‘alaihi wa sallam
nyampurnaake pasa sewulan natas sak liyane wulan Romadlon, lan aku durung tahu
weruh Panjenengane Kanjeng Nabi pasa ing sawijining wulan kang luwih akeh saka wulan
Sya’ban” (HR.Bukhari Muslim).
Saking dawuh menika saget
dipun fahami bilih wulan Sya’ban menika sanget istimewa menggah Kanjeng Nabi
ngantos mboten wonten wulan sanesipun Wulan Ramadhan ingkang katah dipun pasani
dining Panjenenganipun kados dene wulan Sya’ban. Menapa jalaranipun ? Wonten
sawenehing shahabat ingkang nyuwun pirsa dateng Kanjeng Nabi babakan menika,
inggih anggenipun Kanjeng Nabi katah shiyam ing wulan Sya’ban. Panjenenganipun
lajeng paring dawuh :
ذلـك
شـهـر يـغـفـل الـنــــاس عـنــه بـيـن رجب ورمـضــان وهـو شـهـرتـر فــع فـيــه
الأعـمـال الى رب الـعــالمــين فـأحب ان يـرفـع عمــل وأنــا صــائم
“Wulan Sya’ban iku wulan kang akeh dilalek ake dening akehe
manungsa, manggone ing antarane wulan Rojab lan Ramadhan, ya ing wulan Sya’ban
kuwi ngamale manungsa diaturake ing ngarsane Allah Kang Mangerani kabeh alam.
Mula aku seneng menawa ngamalku diaturake lan wektu kuwi aku lagi pasa” (HR.
Abu Dawud lan Nasa’i).
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Minangka mulyaaken wulan Sya’ban
ingkang agung menika kejawi kita nambahi ta’at nanging kita ugi kedah ngeker
lan mekak nafsu kita saking lampah makshiyat lan duraka dateng Allah supados Allah tansah paring
pangreksa dateng kita saking samukawis balak lan coba ing saklebetipun gesang
punika. Jalaran Kanjeng Nabi sampun
paring dawuh mekaten :
من عـظـم
شــعـبــان واتـقى الله تـعــالى وعـمـل بـطـاعــتـه وأمـنـه وأمـسـك نـفــســـه عـن الـمـعـصـيـة غـفر الله
تـعــالى ذنـوبـه وأمــنــه مـن كل مــا يــقــون
فى تـلـك الــســنــة مـن الـبـلا يــا والأمرض
“Sing sapa wonge ngegungake wulan Sya’ban sarana taqwa marang
Allah Ta’ala, lan ngamal tha’at marang Allah, uga
nahan nafsune sangka ma’shiyat, mangka Allah bakal paring pangapura marang dosa
dosane, lan Allah bakal paring slamet sekabehe bala’ bencana lan pirang pirang
penyakit kang kedadean ing tahun kuwi”
.
Ningali
semanten peparing kanugerahanipun Allah dateng tiyang ingkang mulyakaken wulan
Sya’ban, eman sanget menawi kita mboten nampi kanugerahan punika. Langkung langkung ing mangsa punika mushibah
kongang dumados sak wanci wanci, seget temama dateng sinten kemawon, sahingga
raos ajrih lan kuatos tansah sliweran ing manah kita. Pramila kagem sarana
wilujengan nyuwun pangreksan mboten wonten ingkang paling leres kejawi namung
dateng ingkang kagungan , inggih Allah Ta’ala. Saweneh caranipun nderek lan
nindak aken dawuh Nabi kasebat, nambahi tha’at lan nyuda ma’shiyat ing wulan
Sya’ban menika. Mekaten ugi minangka sarana panyuwunan pangreksa dateng Allah
saking sak wernining penyakit, ingkang sinaosa mboten ganas ndumugekaken seda
nanging nguras duit, sinaosa mboten nggondol nyawa nanging nelasaken banda,
punika sedaya kongang dumugi saben wanci.
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Nabi mboten sekedar ndawuhi nanging ugi nyontoni, mila
sakmestinipun kita nderek dateng tindakipun, inggih amergi tindakipun kanjeng
Nabi menika lajeng kita dipun sunnataken shiyam ing wulan Sya’ban menika. Ananging
kita ugi kedah faham pranatan syari’at, jalaran shiyam wulan Sya’ban ngaten
punika kedah saderengipun tanggal setengah, bakda nisfu Sya’ban ita dipun
haramaken shiyam sunnat kejawi menawi anggenipun shiyam wiwit sak
derengipun, utawi sampun ngadataken ing saben wulanipun kadosta upaminipun
ingkang sampun mbiyasakaken shiyam sunnat Senen Kemis .
Mekaten
ugi amaliyah amaliyah sanes ingkang prayogi dipun tindakaken, langkung langkung ing wekdal malem Nishfu
Sya’ban. Ingkang ugi dipun dawuhaken dening Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa
sallam :
اذا كان
لـيلـة الـنـصـف من شـعـبـان فـقـومـوا لـيـلـهـا وصـومـوا نـهــارهــا ,
فـان الله تـعــالى فى تـلـك اللـيلـة يـنـزل الى سـمـاء الـدنـيـاعـنـد غروب الـشمس فيـقـول : هـل مـن ســائل فـاعــطيــه سـؤلــه , وهـل مـن مـســتـغـفــر
فـأغـفــرله وهـل مـن مـسـترزق فــأرزقـه حتى يـطلـع الفـجر
“Nalika
tengahe wulan Sya’ban wis tumeka ,
mangka pada tangiha tumandang ngibadah sira kabeh ing wektu bengine, lan pada pasaha ing rinane. Jalaran Allah
Ta’ala ing wengi kuwi nurunake rahmat ing langit dunya nalikane surup serngenge, nuli paring dawuh ; “Sapa
sing nyuwun mesti Ingsun paringi apa panyuwunane. Sapa sing nyuwun apura ,
mesti Ingsun paringi pangapura, sapa sing nyuwun rizki mesti Ingsun paringi,
mengono iu nganti tumeka mletekke fajar”.
Mekaten agungipun wulan sya’ban, pramilo ngantos poro ulama
ndawuhi bilih mpun dugi malem nisfu sya’ban kito dipun aturi maos yasin kaping
3 engkang sepindah dipun niati nyuwun pangapunten, kaping kaleh dipun niati
nyuwun yuswo ingkang panjang lan barokah, lan kaping tigo dipun niati nyuwun
rizki ingkang kathah lan barokah. Insyaallah kanti fadhilhipun suroh yasin do’a
meniko saget ijabah.
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Wonten ing
wulan sya’ban meniko Wonten
ing masyarakat kita sampun dados kabudayan ingkang sae secara turun tumurun
ngantos sak menika, ingkang mboten nate dumados ing wulan sanesipun Sya’ban. Inggih puniko nyadranan. engkang Tujuan awalipun
estunipun setunggal, inggih punika Birrul walidain, bektos
dateng tiyang sepuh kalih. Menika jelas ngrupekaken kwajiban tumrap sedaya
manungsa. Ingkang dipun dawuhaken dening Allah wonten ing Al Qur’an, sami ugi
tiyang sepuh tasih sugeng utawi sampun seda. Ing antawisipun kanti cara
nyuwunaken pangapunten lan ndungakaken nyuwunaken rahmat kangge tiyang sepuh
kalih. Langkung langkung kagem tiyang sepuh ingkang sampun seda, kanti dipun
ziarahi ing makamipun, dipun suwunaken
pangapunten saha dipun suwunaken rahmat kawelasan dateng Allah. Ngaten menika
antawisipun bekti dateng tiyang sepuh, kados dawuh dalem Allah Ta’ala :
واعـبـدوا الله ولاتشــركـوابــه شـيـأ وبـالـوالـديـن احـسـانـا
“Sira
kabeh pada nyembaha ing Gusti Allah, lan aja pada nyekutokake sira ing Allah
kelawan apa wae . lan bada bektiya sira ing wong tuwa loro”
( An Nisa : 36 ).
Inggih kangge tujuan birrul
walidain menika asal usul upacara nyadran . Karena kasunyatan katahipun
masyarakat anggadahi tujuan lan seja ingkang sami, wonten ing wekdal lan papan
ingkang sami sahingga wonten mufakatan ngleksanaaken tujuan menika kanti sesarengan. Wonten ing riku tuwuh
kesaenan kesaenan ingkang katah, antawisipun saget sami silaturrahim,
sami saget ngedalaken shodakohan, maos maos kalimah dzikir lan Qur’an,
kadang kadang wonten pengaosan beberipun ilmi saking ulama lan tasih katah
kesaenan sanes sanes ipun. Sedaya punika terang minangka dawuh agami kita.
Pramila estu tradisi lan pengadatan meniko prayogi
kita uri uri lan kita jagi, ampun ngantos dipun kotori kanti kemakshiyatan
ingkang ngrisakaken dateng tujuan utami nyadranan punika.
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Wondene ndungakaken dateng
ahli kubur saking sederek sederek kita langkung langkung leluwur kita ingkang
mukmin, sanget gamblang dawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an :
والـذيـن جـائـوامـن بـعـدهـم يـقـولـون ربـنـا اغـفـرلـنـا ولاخوانـنـاالـذيـن سـبـقـونـا
بـالايـمـان
Lan
wong wong kang tumeka sak wuse wong kang pada ndisiki (Muhajirin lan Anshar),
wong wong kuwi pada ndonga “ Duh pangeran kula mugi ngapuntena Paduka dateng
kula lan sederek sederek kula ingkang
sami iman langkung rumiyin katimbang
kula ”.(QS.Al Hasyr : 10).
Lan
malih dawuhipun :
واسـتـغـفـر لـذنـبـك وللمـؤ مــنـيـن والمـؤمـنـات
“Lan
nyuwuna ngapura sira kanggo dosanira lan dosane wong wong mukmin lanang lan
wadon “. (QS.
Muhammad : 19).
Kekalih
ayat kasebat kanti terang Allah ndawuhaken dateng kita supados nyuwun ngapura
kangge kita piyambak lan ugi sederek sederek kita tiyang tiyang mukmin ingkang
sampun ngrumiyini seda.
Mekaten
ugi hadits hadits dawuh Nabi katah sanget ingkang ndawuhaken ita supados
nyuwunaken pangapunten dateng sederek sederek mukmin ingkang sampun seda,
antawisipun hadits ingkang dipun riwayataken saking shahabat Utsman bin Affan
RA.:
كان الـنبي صلى الله علـيـه وسلم
اذا فرغ من دفـن الميـت وقف علـيـه وقـال : استغـفروا لأخيكم وسـلـوا لـه بـالـتسـبيـت فـانـه الأن يـســأل
“Nalika
Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam wis
rampung saka ngubur sawijining mayit, Panjenengane jumeneng ana ing sak
pinggire kubur nuli ngendika “Nyuwuna
ngapura sira kabeh kanggo sedulur ira, lan suwunna tetepe iman, amerga ing
sa’at iki deweke lagi didangu dening
Malaikat”(HR.Abu Daud).
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Sedaya
ingkang lumampah ing masyarakat ingkang sampun dados pengadatan wonten ing
wulan Sya’ban punika, sakestu sedayanipun wonten dawuh tuntunanipun, tentu
sifatipun umum mboten dawuh ingkang sifatipun khusus kedah lumampah ing wulan
Sya’ban punika mboten.
Mugi
mugi niyat lan seja ingkang sae, lan ugi kanti amaliyah ingkang sampun lumampah
punika, sageta tinampi maqbul saha pikantuk karidlan wonten saking
ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar